SERAT SASTRA GENDING
DAN TERJEMAHNYA
PUPUH I
S I N O M
S I N O M
1. //Sri Nata Dipeng ngrat Jawa / Jeng Sultan
Agung Matawis / kang ngadhaton aneng Karta / ing jaman sakeh pra Mulki / ngrat
Jawa Nyakrawati / Sabrang Pasisir syud / Amiril Muminina / Sayidina Panata Gami
/ kyatireng ngrat wus sineksen saking Ngarab//
2. //Winenang among dirjeng ngrat / Jeng Sultan
Agung Matawis / awit jaksuh tranging tingal / lir surya angkara wening / wikan
pranateng gaib / sakarsanira Hyang Agung / agung parosanira / Jawa den ulet lan
kadis / mardikeng ngrat mustikaning jagad//
3. //Narendra moncol sasama / mrojol ing kerep tan
wigih / pinarak ngideri jagad / tyasnya maruta jinaring mumpuni agal rempit /
kridhaning ngrat wus kawengku / miguna ing aguna / wujud langgeng datan lali /
rasa mulya tinrusken rasa panedya//
4. //Kaluhuring kamulyan / ing Jawa Narendra luwih
/ linuwih pinrih katrekah / sakeh rinuruh ingkang sih / jumenengnya winarni /
Slasa kaping sadasa / mangsane wuku Warigalit / Alip lambing Langkir kang windu
Mangkara//
5. //Taun Dal sangkalanira / marga saking tata aji
/ lamine kraton Narendra / tigang dasa catur warsi / surutira marengi / Jumwah
Legi Sapar tengsu / tanggal kaping dwi dasa / wuku Wukir lambing Langkir
/ mangsa juga anuju kang windu Tirta//
6. //Taun Be sangkalanira / asta nem margining
kang wit / Panjenenganireng Nata / kasusra ambara murti / pinandhita trus suci
/ mot ing kawisesan luhur / rinilan geng mangunah / linulutan gung maharsi /
mestu puja sinukmarjeng gung rasika//
7. //Angglenggahi surya candra / ambeg susanta ber
budi / yangyang samodra lukita / adil ber para marta mrik / kasub tinengen bumi
/ walikal waliyul lahu / dibya gung wikareng ngrat / nguni prasapeng sawuri /
mring sangunge pra wayah trahing Mataram//
8. //Yekti tan ingaken darah / yen tan wignya
tembang kawi / kang kawrat sandining sastra / akathah logating tulis / kang
dhingin basa kawi / tata trepsileng pamuwus / tumrap ing niti praja / kasusilan
trus ing ngelmi / lawan kawi kang tumrap sandining sastra//
9. //Kayata caraka basa / dasa nama atanapi /
babasan amengku rasa / rasa karep marang pamrih / myat tuduh kang mangka wit /
kanga ran kawi puniku / basa kang mengku rasa / wi : lepasireng pamusthi /
mungging sastra karem lepasing graita//
10. //Tumrap sandining puspita / karem
lepasing semadi / ngesthi tableh ing pangeran / linang sukma sarira nir /
tandya puspita jati / mila sagutrah Mataram / den putus olah raras / sasmita
sandining kawi / jakti angger satriya mangolah sastra//
11. //Den eta ingaran tembang / tembang kang
tumameng gendhing / anut wileting wirama / manising swara dineling / kang
tumrap yuda nagri / raras manising pamuwus / kandel tipising basa / non tuduh
manangka kardi / nora kena ninggal rarasing suwara//
12. //Dene kang tumrap ing sastra / renggan
wiramaning gendhing / kinarya ngimpuni basa/ memanise den reksani / lamun
bubrah kang gendhing / sastra ngalih rahsanipun / kang tumrap ing pradangga /
swara rinaras ing rakmi / anrus kongas asmara langening akal//
13. //Kalengkanireng swarendah / serancak pineta
ngesthi / kesti wirajeng wirama / tuduh pamudyaning dasih / sih puji
kahananipun / tan lyang kang Murbeng Jagad / kang pinuji swara Aji / nyampleng
ingkang gendhing / trus kahanan tunggal//
14. //Pramila gendhing yen bubrah / gugur sembahe
mring Widi / batal wisikaning salat tanpa gawe olah gendhing / den eta kang
ngran gendhing / swara saking osik jati / mring Hyang Ingkang Masung sih / sih
puji kahananipun / osik mulya wentaring cipta surasa//
15. //Surasing ngiskining kajat / kajat baka
ingkang kadim / pramila mangolah gendhing / sedene merdanggeng gendhing / de
ana rebut manis / swara manis wileting rum / nyang nyamlengireng raras / swara
nrus pinnresing ngesthi / lamun bunrah tan kamot pamujining dat//
16. //Marma sagung trah Mataram / kinon wignya
tembang kawi / jer wajib ugering gesang / ngawruhi titining ngelmi / kqang
tumrap ing praja di / tembang kawi asalipun / tarlen titising sastra / nora
nana kang liyan tuduh ing sastra//
PUPUH II
ASMARADANA
ASMARADANA
1. //Geng branta mangusweng gendhing / satengah
wong parengutan / kang ahli gendhing padudon / lawan wong kang ahli sastra /
arebut kaluhuran / iku wong tuna ing ngelmu / tan ada gelem kasoran//
2. //Sejatinya wong ngagesang / apa ingkang
binasan / iku kang kinarya luhur / ……………………………. / yekti kekandangan kibir
/ rebut luhuring kagunan / dadi luput sakarone//
3. //Luhuring sastra lan gendhing / takokna kang
pra ngulama / kang terus dalil kadise / kang ngarani luhur gendhingnya / pinet
saking kakekat / ing ngakal witing tuwuh / ananing Hyang saking akal//
4. //Witing osikireng jalmi / gendhing akal ing
kang warna / myang swara gangsa cengklinge / tan kahanan wujudira /
muhung kayarseng karna / tumruning swara linuhung / kasampurnaning panunggal//
5. //Mangreh nrus swareng dumadi / myang
nyamlenging wirama / tuduh ing katunggalane / de sastra ingaran andap / reh
kawengku ing akal / lan kawayang warganipun / sastra gumelaring jagad//
6. //Tambuh kang yakin ing ngelmi / dene wong kang
ahli sastra / ingaran luhur sastrane / layak yen mangsi lan kretas / pantes
ngran luhur ing akal / ing sastra suraosipun / luhur sejatining sastra//
7. //Padha lair pan wus kari / gamelan tan dadi
tandha / kamot ing praja karyane / laying praboting Negara / lumintu prakareng kukum,
sanadyanta kanthi akal//
8. //Dudu akal wosing gendhing / akal lelungiting
sastra / ngakali gendhing yektine / babaring sandining sastra / kanyataning
aksara / sabab alip ingkang tuduh / mengku gaibul hupiyah//
9. //Dat mutlak dipun arani / myang latakyun
ingaranan / durung kahanan laire / maksih wang wung kewala/ iku jatining sastra
/ anane saestu tuduh / dupi alip wus kanyatan//
10. //Katandhan ing roh ilapi / goning alam
karajiah / iku wit ana akale / denya wit wruh ing dat mutlak / saking kono kang
marga / iku kawruhana sagung / endi ingkang luhur andhap//
11. //Dat lawan sipat upami / sayekti dhingin
datira / dupi wus ana sipate / mula jamah kahanannya / awal lan akhirira / kang
sipat tansah kawengku / marang dat sjatinira//
12. //Rasa pangrasa upami / yekti dhingin rasa nira
/ pangrasa ing kahanane / kang cipta kalawan ripta / saestu dhingin cipta /
cipta kang gendhing mangapus / kang nembah lang kang sinembah//
13. //Yekti dhing kang pinuji / kahanane ingkang
nembah / saking kodrating Hyang Manon / mapan kinarya lantaran / saestuning
panembah / wiseseng Dat kang rahayu / amuji mring dhawakira//
14. //Upamane wong nggarbini / rare aneng jro
wetengan / yen during prapteng laire / during kababar akalnya / maksih gaib
sadaya / tambuh estri tambuh jalu / tambuh pejah tambuh gesang//
PUPUH III
S A R K A R A
S A R K A R A
1. //Sinarkara pangawikan gaib / nora liya mung
Allah ingkang Sa / dupi lair sing gaibe / panggawe kang rahayu / rahayune
pratameng urip / urip tekeng antaka / tangkeping ngaluhur / kaluhuraning
kasidan / tan lyan uwit sarengat pranatan bumi / sastra gumelaring jagad//
2. //Mungguh hakekat kawruh ingesthi / ngijen-ijen
trusing kasampurnan / hakekat wus nunggalake / makripat trusing kalbu / jalma
ingkang ngluhuraken gendhing / pangesthining jro tekad / cangkring tuwuh bendhung
/ tegese bapa lan anak / dhingin anak bapa ginawe ing siwi / mendah yen
mangkonoa//
3. //Sayektine jagad tan dumadi / sabab kadim
kadhinginan anyar / kasungsang iku dadine / nadyan kang ngarani luhur /
gendhing temah tan dadi bayi / pesthi tetep kewala / nangis ki kayatun / lawan
lapal ya bubana / wujud olah amengku dusul ngalamin / tuhu gumelaring jagad//
4. //Pratandhane wujuding Hyang Widi / tuduh kinen
puji kang kinarya / sastra lip endi jatine / kadya gigiring punglu / tanpa
cucuk tan ngarsa wuri / tan gatra tan satmata / tan arah gon dunung / nora akir
nora awal / datan pestha aprak kadya anrambahi / nging wajib ananira//
5. //De kakekat asalireng gendhing / wus kanyatan
ngelmuning Pamngeran / mungging pangrasa tuduhe / angler raseng kemumu / kang pramana
anersandhani / tuhu tunggal pinangka / kajaten satuhu / saworing rasa pangrasa
/ pilih kawruhanan inganakken yekti / awimbuh kawimbuhan//
6. //Amemuji tan pegat pinuji / yen tan pegat
pinuji / yen ta aja urip aneng dunya / tan mbuh yen luhur gendinge / reh tan
ana winuwus / kayun maksih kauban langit / sinangga ing bantala / mijil saking
banyu / dadine sawabing bapa / yekti tetep luhur sajatining alip / lawan
jatining akal//
7. //Upamine wong jalu lan estri / jroning resmi
nikmati samya / pracihna iku jatinbe / tuhu-tuhuning kawruh / ing pawore anyar
lan kadim / ya lawan sipatira / sastra gendhingipun / kang rasa lawan pangrasa
/ estri priya pawore kapurna ing ning / atetep tinetepan//
8. //Mula jamah loro\loro tunggil / tunggal rasa
raseng kiwisesan / nging lamun dadi tuwuhe / pan wajib priyanipun / dadi akal
kapurba alip / lir warna jro paesan / ya upaminipun / kang ngilo jatining
sastra / wewayangan gendhing sirnanireng cermin / manjing jatining sastra//
9. //Lir kemandhang lan swara upami / kang
kemandhang gendhing ngibaratnya / sastra upama swarane / angler kemandhang
mbarung / wangsul marang swara umanjing / lir mina jro samudra / mina
gendingipun / sastra upama hudaya / mina yekti anane saking jaladri / myang
kauripanira//
10. //Pejahing mina saking jaladri / jro sagara
pasthi isi mina / tan kena pisah karone / malih ngibaratipun / lir niyaga
anabuh gendhing / niyaga pama sastra / gendhing gendhingipun/ barang reh purba
niyaga / de niyaga amanut purbaning gendhing / panjang yen winursita//
PUPUH IV
P A N G K U R
P A N G K U R
1. //Kawuri pangesthining Hyang / tuduhira sastra
kalawan gendhing / sokur yen wus sami rujuk / nadyan aksara Jawa / datan kari
saking gendhing asalipun / gendhing wit purbaning kala / kadya kang wus kocap
ngarsi//
2. //Kadya sastra kalih dasa / wit pangestu tuduh
kareping pujhi / puji asaling tumuwuh / merit sing akadiyat / ponang : ha na ca
ra ka : pituduhipun : dene kang : da ta saw a la / kagentyan ingkang pinuji//
3. //Wadat jati kang rinasan / ponang : pa dha jay
a nya : / angyekteni / kang tuduh lan kang tinuduh / padha santosaniira /
wahanane / wachadiyat pambilipun / dene kang ma gab a tha nga / wus kanyatan
jatining sir//
4. //Pratandhane Manikmaya / wus kanyatan kawruh
arah sayekti / iku wus airing tuduh / Manikmaya antaya / kumpuling tyas alam
arwah pambilipun / iku witing ana akal / akire Hyang Maha Manik//
5. //Awal Hyang Manikmaya / gaibe tan kena
winoring tulis / tan arah gon tanpa dunung / tan pesthi akir awal / manembahing
manuksmeng rasa pandulu / tajem lir hudaya retna / trus wening datanpa tepi//
6. //Iku telenging paningal / suerasane kang
sastra kalih desi / lan merit sipat kahananing Dat / ponang akal during ana
ananipun / kababaring gendhing akal / Manikmaya wus kang ngelmi//
7. //Awiyar ripta pangrasa / Sang Nurcahya Nurasa
wus kawuri / gumantyaning Sang Hyang Guru / nyata ngran caturbudya / winayeng
Dat guru retuning tumuwuh / awale Hyang Manimaya / tumulya Kaneka Resei//
8. //Sepuh minangka taruna / kang taruna minangka
kang nyepuhi / pranyina cleaning kawruh / kahananing wisesa / pinresing Dat wus
kanyata Sang Hyang Wisnu / winenang kamot nugraha / mangreh budyarjeng dumadi//
9. //Dene watak nawasanga / wus kanyatan gumlaring
bumi langit / iku kawruhanan agung / endi kang luhur andhap / upamane papan
lawan tulisipun / kanyatahaning panembah / kalawan ingkang pinuji//
10. //Papan moting kawisesan / Manikmaya purbane
papan wening / tulise mangsi Hyang Guru / sastra upama papan / gending akal
upama mangsi wus dhawuh / yen dhingina mangsinira / ngendi nggone tibeng
tulis//
11. //Sayekti dhingin kang papan / kang
anebut papan saking ing tulis / lan malih upamanipun / dhalang kalawan wayang /
dhalang sastra wayang akal jatinipun / yekti dhingin dhalangira / kang murbeng
sakehing ringgit//
12. //Lir patine Resi Bisma / duk pinanah dening
Wara Srikandhi / watgatanira tinundhung / mring panah Sang Arjuna / gendhing
akal ngibarat Srikandhi kang hru / sastra ngibarat kang capa / Sang Parta
titising lungit//
13. //Kayana Narendra Kresna / lawan Sang Hyang
Batara Wisnumurti / iku ngibarat satuhu / karo-karone tunggal / tunggal rasa
cipta urip pan wus campur / Sang Wisnu ngibarat sastra / Sri Kresna upama
gendhing//
14. //Horeg rug kambah barubah / lir Bathara
Kalarsa badhog bumi / Sri Kresna datan kadulu / wus niring kamanungsan /
kaprabawan wikramanira Hyang Wisnu / nanging datan saben dina / denyambeg
wikrama werdi//
15. //Yekti naggo kala masa / yen manggunga wikrama
nora dadi / pasthi brastha tan kawuwus / tan ana ngarcapada / satemahe jagad
palastha linebur / dening krodhaning Bathara / tan pedah gumlaring bumi//
16. //Sang Wisnu nuksmeng Sro Lresna gung dumadi /
mayu rahayu tumuwuh / anjaga jejeging ngrat / Prabu Kresna sapangreh nuksmeng
ngaluhur / wasesa panciptanira / nyipta trus manuksmeng gaib//
PUPUH V
D U R M A
D U R M A
1. //Durmaning kang ngluhuraken gendhing lan akal
/ pangesthinireng tokit / Hyang Wisnu lan Kresna / muhung Wisnu lan Kresna /
muhung Wisnu Kewala / Sri Kresna datan kaliling / nadyan lebura / kang jagad
tan marduliu//
2. //Yen meksiya nyipta loro-loronira / yekti
guguring ngesthi / temah tundha bema / araning Hyang Wisesa / sungsun-sungsun
kalih-kalih / lan malihira / siyang kahanan yekti//
3. //Wong lumaku wus prapteng gon kang sinedya /
ndadak abali maning / temah moro cipta / tau renggeng gupita / tambuh kang
yakining ngesthi /sajatinira / ujar den wolak-walik//
4. //Awit dene asamar kahananing Hyang / remit
sungil tan sipi / gaib tan wus kena / lamun kinaya ngapa / elok tan kena
pinikir / wenanging tingkah / tan lyan harjeng ngesthi//
5. //Esthiningtyas samya awas kawisikan / dene
wong kang ngarani / luhur sastranira / tangeh lamun nyiptaa / sungsun-sungsun
kalih-kalih / nora mangkana / pangesthinireng tokit//
6. //Ana iku marganira saking ora / ora sing ana
yekti / raseng ana ora / mantep Dating Wisesa / iku jatining sastra di / tan
lawan-lawan / tan sungsun kalih-kalih//
7. //Dene ingaran mableni mentahing lampah / iku
mokal sayekti / tan mangkono lirnya / reh mesthinira ana / amot suksma glaring
bumi / tinrus ing puja / mujarja dhiri wening//
8. //Kawenangan manuhara aruming ngrat / trusing
ngakal kalingling / nglanguting kalengkan / wali lungiting alam / ngenglenging
ngalam / nglela anyar kalingling//
9. //Marma ngelmu mulet patraping sarengat /
maharjaning dumadi / dadya trus rumangsa / tinuduh trus utama / tumameng cipta
pamuji / lamun meksiha / salah ciptaning ngesti//
10. //Satemahe Sri Kresna pan during mulya /
ingaran Harimurti / sarira Bathara / tan kewran salirira / kasumbaganing
pamusthi / reh ngari loka / madyapada kalingling//
11. //Pan wus dene pra nabi kang musna lena / tuwin
kang para Wali / myang para Suhada / pra Iman kang minulya / kang rorijalla
inganhi / kamg tuk nugraha / tan seda saben ari//
12. //Yen sedaa pra Nabi salaminira / tan kocap
aneng wuri / nadyan kang triloka / sayekti tan dumadya / dennya umangsah semedi
/ pan kala-kala / tebir lan aprang sabil//
13. //Saben dina tan pegat racketing sukma / tan
kewran denira mrih / pangesthining cipta / kaya lapal kang kocap / iya kayun
pidareni / murading lapal / uriping desa kalih//
14. //Desa lair desa batin wus kawangwang /
sumbaganing musthi / harjaseng sucipta / trusing kayat wisesa / sarambut datan
salisir / lan kawruhana / sagung kang rebut piker//
15. //Eling ingkang samya ngudi nalar / away nganti
nemahi / kerojoging tekad / tuduh ugering gesang / sayekti ambebayani /
rungsiting gawat / watgateng trang ing urip//
16. //Lawan aja asring padudon ing karsa / iku
siriking ngelmi / yen during kaduga / luwung kendel kewala / nanging misilna
tumuli / marang ngulama / myang para sujaneng ngelmi//
17. //Salah siji jatining gendhing lan sastra /
tuwa nome kang pundi / iku takokena / aywa was kaya-kaya / den trus lan
saraking Nabi / dipun pracaya / nglakoni gama suci//
18. //Titi tamat srat Sastrasandipradangga / kawrat
esthining galih / puniku klimahnya / alime kang niyaga / wruh gangsa swara lan
uning / myang aranira / gumlar sawiji-wiji//
Terjemahan :
PUPUH I
S I N O M
S I N O M
1. Raja Agung di nusa Jawa, Baginda Sulta Agung
Mataram, yang bertahta di Karta, pada zaman jaya dan mulia, menjadi raja besar
di nusa Jawa, Negara di seberang lautan tunduk, Sri Sultan sebagai panglima
para ulama, Sayid Panata Agama, kewibawaannya telah diakui oleh Negara Arab.
2. Berwenang membina kesejahteraan Negara, Sri
Sultan Agung Mataram, bijaksana dan awas penglihatannya, seperti pada waktu
matahari bersinar terang, dapat mengetahui aturan yang gaib, dan segala
kehendak Tuhan, benar-benar diperhatikan dan diusahakan, ia mempersatukan paham
Jawa dengan hadist, kemerdekaan Negara benar-benar merupakan mustika di dunia.
3. Baginda yang luar biasa ini, benar-benar pandai
dan tak segan-segan, pergi mengelilingi dunia, hatinya seperti angin yang
terjaring, sempurna dalam pengetahuan lahir dan batin, kridanya alam semesta
telah dikuasai, dan dalam menjalankan apa saja menurut kepandaiannya, ia tidak
melupakan Tuhan Yang Maha Baka, sedangkan kamulyaan rasa diteruskan dengan
berdoa.
4. Kenyataannya kemuliaan ini, di nusa Jawa
seorang raja yang agung, kebaikannya perlu dicontoh dalam tingkah laku, dan
dahulu naik tahta pada hari Selasa Legi tanggal 10 dalam bulan Sura, tahun Dal
dan windu Angkara, kebetulan musin wuku Warigalit, dan berlambang Langkir.
5. Tahunnya Dal diperingati dengan sengkalan,
Marga Siking Tata Aji (tahun 1535 tahun saka), lamanya memerintah ada 34 tahun,
wafatnya pada, hari Jumat Legi bulan Sapar, tanggal 20, wuku Wukir berlambang
Langkar, musimnya bertepatan pada windu Tirta.
6. Tahunnya Be dengan sengkalan, Asta Nem
Marganing kang Wit (arti : dari delapan indera yang menyebabkan pulang ke
asalnya/1568 tahun Jawa Islam), maka Sri Sultan berangkat ke rahmatullah, dan
maharsi di alam suci, masuk kea lam kekuasaan agung, karena keimanannya yang
tinggi, beliu dicintai banyak pendeta, yang memujanya penuh dengan rasa puas.
7. Bersikap seperti matahari dan bulan, yaitu suka
menolong rakyatnya, beliau biasa berkeliling di samodra kata-kata, berwatak
adil dan suka memaafkan, termasyur di permukaan bumu, sebagai wakil Allah,
berwibawa besar dalam negaranya, dan dahulu pernah bersabda, kepada semua
keturunan Mataram.
8. Benar-benar tidak akan diakui sebagai keturunan
Mataram, jikalau tidak mengerti tembang kawi, yang termuat dalam rahasia
tulisan, banyak watak dan arti dalam tulisan, yang pertama bahasa Kawi, tetap
susila dalam pembicaraan, untuk memeriksa dalam pemerintahan, susila terus
dengan ilmu, dan kawi untuk rahasia sastra.
9. Seperti urutan bahasa, dan sepuluh macam nama,
juga peribahasa yang mengandung rasa, rasa yang bertujuan menguntungkan diri,
melihat pedoman yang permulaan, yang disebut “ka”, itu bahasa yang mengandung
rasa, dan “wi” itu lepasnya pendapat, sedangkan tulisan itu lepasnya perasaan
hati.
10. Untuk rahasia dalam tembang, terbenam lepas
dalam semedi, benar-benar patuh kepada Tuhan, tatkala suksma dan jasmani
hilang, menjadi seperti bunga sejati, maka semua keluarga Mataram, supaya
sempurna berolah rasa, pertanda dalam rahasianya kawi, dipastikan pula setiap
satria berolah sastra.
11. Adapun yang disebut tembang, itu khusus untuk
gending, dan turut indahnya irama, manisnya suara terdengar, yang untuk Negara
berperang, laras menisnya pembicaraan, tebal tipisnya bahasa, sebagai petunjuk
karya, tidak boleh meninggalkan larasnya suara.
12. Adapun yang untuk sastra, hiasan iramanya
gending, untuk menghimpun bahasa, manisnya harus diperhatikan, sebab kalau
rusak iramanya (maknanya), yang untuk pemain gamelan, suaranya diselaraskan
dalam batin, terus timbullah cinta kasih yang menunjukkan keindahan akal.
13. Karenanya suara yang indah, seperangkat
(gamelan) harus diperhatikan, memperhatikan keindahan irama, sebagai petunjuk
diri untuk memuja, kepada Tuhan Yang Maha Asih, asih memuji kepada-Nya, tak
lain kepada Tuhan Yang Maha Esa, yang dipuji suara raja, nikmatnya gending,
terus ke keadaan tunggal.
14. Maka gending itu kalau rusak, berarti gugur
bektinya kepada Tuhan, menjadi batal hakekat sholatnya, tak berguna berolah
gending, adapun yang disebut gending, yaitu merupakan suara yang timbul dari
gerak hati sanubari, gerak mulia dari cipta dan rasa.
15. Makna yang di dalam kayat, kayat yang bersifat
baka dan kadim, maka mengolah gending, olah tembang dan memukul gamelan, ada
yang berebut manis, suara manis dan harum, juga dengan nikmatnya laras, suara
terus tekun dalam memuji, kalau rusak pasti kandas tujuannya ke Datullah.
16. Maka semua keturunan Mataram, harus mengerti
tembang kawi, karena wajib menjadi pegangan hidup, mengerti tentang kebenaran
ilmu, yang terpakai dalam tata Negara, yang berasal dari tembang kawi, tak lain
yaitu tepatnya sastra, dan pedoman bagi segenap manusia, tidak ada petunjuk
lain kecuali sastra.
PUPUH II
ASMARADANA
ASMARADANA
1. Yang cinta terhadap gending, banyak orang yang
cemberut, yang ahli berolah gending bertengkar, dengan yang ahli sastra,
berebut keunggulan, yaitu suatu kebodohan dalam dunia ilmu, satu dan lainnya
tidak ada yang mau mengalah.
2. Sesungguhnya manusia hidup itu, apa yang
dilakukan
Itulah yang akan memuliakan derajadnya, ……………………..………., selalu berlagak sombong, pamer kemulian dan kepandaian, malah kehilangan dua-duanya.
Itulah yang akan memuliakan derajadnya, ……………………..………., selalu berlagak sombong, pamer kemulian dan kepandaian, malah kehilangan dua-duanya.
3. Unggulnya sastra dang ending, tanyakanlah
kepada para ulama, yang paham akan dalih dan hadis, yang mengatakan unggul
gendingnya, dipandang dari kenyataan, pada akal mulainya tumbuh, dan adanya
Tuhan dari akal.
4. Dari gerak hati manusia, gending akal yang
menceritakan, tentang gamelan berikut bunyi larasnya, kelihatan ujudnya, hanya
suaranya terdengan di telinga, keluarnya suara yang luhur, adlah kesempurnaan
ksesatuan.
5. Suara kemanusian yang menembus, kedalam
nikmatnya irama, menunjuk kepada keesaan-Nya, adapun sastra disebut rendah, karena
ditopang gending, dan tergambar wujudnya, sastra yang terhampar di kenyataan.,
dikatan rendah, oleh karena dukuasai akal oleh akal, dan diatur warganya,
selama ia merata di dunia.
6. Entah bagi yang meyakini ilmu, bagi orang yang
ahli sastra, mengatakan luhur sastranya, pantas kalau tinta dan kertasnya,
dapat dikatakan luhur akalnya, tetapi dalam pemaknaan sastra, artinya
benar-benar luhur sastranya.
7. Kelahirannya saja sudah terbelakang, gamelan
tidak jadi bukti, yang termuat dalam perabot tata Negara, akan tetapi surat
menjadi perabot Negara, berjalan setiap hari, dan menyelesaikan perkara-perkara
hokum, walaupun itu menggunakan akal.
8. Bukan akal yang menjadi sarinya gending, sebab
akal sangat berkaitan dengan sastra, dan menipu gending sebenarnya, penjelasan
rahasia sastra, kenyataan ujudnya aksara, sebab alif yang menunjuk, mengusai
ghaibul huwiyah.
9. Dinamakan Dat mutlak, dan disebut Latakyun, itu
belum ada kenyataan lahi, masih di dalam cakrawala kosong, di situ adanya
sastra yang sejati, adanya menunjuk kebenaran, karena alif sudah nyata
berrujud.
10. Terbukti dengan adanya roh ilapi,tempatnya di
alam karajiyah, pada saat ini mulai ada akalnya, adanya mengetahui tentang Dat
mutlak, dari situlah jalannya, demikianlah untuk menjadi periksa semuanya, mana
yang luhur dan mana yang rendah.
11. Umpama Dat dengan sifat, sebenarnya yang
terdahulu Datnya, akan tetapi setelah ada sifatnya, maka sama-sama tingkat
keadaannya, pada awal dan akhirnya, sifat itu masih selalu dikuasai atau
dihina, oleh Dat yang sebenarnya.
12. Umpama rasa dengan perasaan, tentu yang
terdahulu adalah rasa, dalam keadaan lahir perasaan;ah yang ada, cipta dengan
riptanya, betul-betul terdahulu cipta, ciptalah yang mengatur gending, begitu
pula yang memuji dengfan yang dipuji.
13. Pasti dahulu yang dipuji, keadaan yang memuji,
ada dari kodratnya Tuhan, memang sebagai syarat, sebenarnya memuji, itu
dukuasai oleh Dat yang baka, memuji kepada pribadinya.
14. Umpanya orang yang sedang mengandung, anak yang
masih di dalam kandungan, jikalau belum kita tiba saatnya lahir, belum tumbuh
akalnya, dan masih gaib semuanya, entah akan keluar putrid entah putra, dan
entah hidup entah mati.
PUPUH III
S A R K A R A
S A R K A R A
1. Ditembangkan dengan lagu sarkara tentang
pengetahuan gaib, tidak lain hanya Tuhan Yang Maha Esa, setelah lahir dari
gaibnya, sebagai Dat mutlak yang mulia, sehingga kemuliaannya itu sampai kepada
hidupp, sedangkan hidup sampai kepada matinya, sikapnya yang luhur, adalah
luhurnya kasidan (jalan sempurna kea lam kubur), tidak lain mulai dari syariat
sebagai peraturab di bumi, dan sastra sebagai terwujudnya dunia.
2. Adapun hakekat itu adalah pengetahuan yang
diimankan, mengintai pada kesempurnaan, hakekat sudah memadukan
(mempersatukan), sedangkan makrifat itu adalah yang sudah menembus ke sanubari,
orang yang meluhurkan gending, berkeyakinan pada ikhtikadnya, bahwa cangkring
menumbuhkan blending (biji cangkring), dalam arti bahwa antara ayah dan anak,
lebih dahulu anak dan adanya ayah itu berasal dari anak, begitulah hal yang
demikian.
3. Sebenarnya dunia akan tidak terjadi, sebab
kadim didahului yang baru, jadi letaknya terbalik adanya, meskipun yang
mengatakan luhur gendingnya, akan tidak menjadi bayi, pasti akan tetap saja,
tangisnya kayatun, dan lafalnya Yabuhana, wujud Allah menguasai Robul alamin,
berarti sungguh-sungguh jadi adanya dunia.
4. Sebagai tanda wujudnya Tuhan, petunjuk supaya
memuji kepada yang membuat, sastra alif mana yang sejati, seperti tepinya
punglu (bumi), tanpa pucuk tidak ada muka belakangnya, tidak berwujud dan tidak
terlihat dengan mata, bukan arah dan tempat, bukan awal dan akhir, tetapi dekat
merata bersatu, demikian maka wajiblah adanya.
5. Adapun hakekat itu asalnya gending, sudah nyata
ilmunya Tuhan, dan petunjuknya ada di perasaan, seperti rasanya kemumu (lumut
laut), sedangkan pramanalah yang membebani, benar-benar tunggal, kenyataan
sejati, dan bersatulah rasa dan perasaan, pilih pengetahuan ada yang diadakan
juga, yaitu bina-membina.
6. Memuji dengan tak hentinya dipuji, jikalau
tidak hidup di dunia ini, dan jikalau tak mengetahui bahwa luhurnya gending,
karena tidak banyak dibicarakan, keinginan berada di bawah langit, dan diatas
bumi, keluar dari air, menjadi restunya ayah, jadi tetap luhur alif sejati,
dari pada akal sejati.
7. Umpama pria dan wanita, di dalam bersetubuh
rasa nikmatnya sama, di sini sebenarnya, suatu pengetahuan yang
sungguh-sungguh, mengenai berkumpulnya yang baru dan yang ladim, juga dengan
sifatnya, sastra dengan gendingnya, yang rasa dengan perasaannya, yang pria dan
wanita bersatunya diakhiri oleh keheningan, saling tatap menetapkan.
8. Maka jamak dua-duanya bersatu, satu rasa dalam
kekuasaan, akan tetapi kalau jadi tumbuhnya, prianyalah yang wajib, menjadi
akal yang dipurba alif, seperti gambar yang terlihat dalam cermin, begitulah
umpamanya, yang melihat dalam cermin itu sastra sejati, sedangkan gambar cermin
itu sebagai gending dan hilangnya gambar iotu, masuk ke dalam sastra sejati.
9. Seperti gema dengan suara umpanya, yang
berkembang diumpamakan gending, sedangkan sastra diumpamakan suaranya, dan
berkumandang bersamaan, kembali pada suara, seperti ikan di dalam laut, ikan
umpamanya gending, dan laut sebagai sastranya, adanya ikan dari laut, begitu
juga dengan kehidupannya.
10. Matinya ikan pun dari laut, dan di dalam laut
pasti isi ikan, kedua-duanya tidak bias dipisahkan, lagi ibaratnya, ibarat
niyaga (penabuh gamelan) manbuh gending, niyaga bagaikan sastra, dang ending
sebagai gendingnya, segala sesuatunya gending dikuasai niyaga, dan niyaga
menurutkan purbanya gending, akan panjang sekalai jikalau terus diceritakan.@@@
PUPUH IV
P A N G K U R
P A N G K U R
1. Sudah berlalu berimannya kepada Tuhan, dengan
petunjuk yang diumpamakan sastra dang ending, syukur jikalau semua sudah
menyetujui, meskipun huruf Jawa, juga tidak ketinggalan asalnya pun dari
gending, gending yang menguasai waktu, seperti telah diuraikan di atas.
2. Seperti sastra huruf dua puluh, karena restu
petunjuk kehendak puji, memuji pada asalnya semua yang tumbuh, diambilkan dari
akhadiyat, maka yang : ha na ca ra ka itu petunjuknya, adapun yang : da ta saw
a la, diganti oleh yang dipuji.
3. Wahdat sejati yang dirunding, yang pa da jay a
nya sesungguhnya, yang menunjuk dan yang ditunjuk, sama-sama kuatnya, oleh
karena itu itu wakhdiat menjadi akhir keadaannya, dan yang : ma gab a tha nga,
itu sudah terbukti adanya yang sir sejati.
4. Sebagai tanda Hyang Manimaya, sudah nyata tahu
akan tujuannya, di situ sudah petunjuk yang terakhir, Manikmaya sekiranya,
berkumpulnya hati alam arwah, di sinilah mulainya ada akal, akhirnya menjadi
Hyang Mahamanik.
5. Awalnya Hyang Manikmaya, gaibnya tidak boleh
dicampur dengan tulisan ini, tidak berarah dan tak bertempat tinggal, tidak
pasti awal akhir, menyembah dan menyatu pada rasa penglihatan, maka tahunya
tajam seperti lautan jernih, dan terus hening tanpa ada batas.
6. Itu adalah titik tengah dari penglihatan,
maksudnya huruf dua puluh, sama dengan sifat dua puluh, yang menunjukkan
keadaannya Dat, akal belum ada keadaannya, lahirnya gending akal, itu setelah
Manikmaya sudah berilmu.
7. Luasnya arti ripta dan perasaan, seperti halnya
Sang Nurcahya dan Nurasa selesai, gantinya Sang Hyang Guru, nyata disebut catur
baya, dalam kekuasaan Dat Guru sebagai rajanya yang tumbuh (manusia), awalnya
Hyang Manikmaya, lalu Hyang Keneka Resi (narada).
8. Yang tua menjadi muda, dan yang muda bertindak
sebagai yang tua, agar jelas pengetahuannya, tentang keadaan yang berkuasa,
dari adanya keadaan, maka sudah jelaslah kenyataan Sang Hyang Wisnu, yang
berwenang membawakan bahagia, untuk manusia yang berbudi luhur.
9. Adapun yang dinamakan watak Nawasanga, itu
sudah nyata terbentangnya bumi dan angkasa, hal itu ketahuilah semuanya, mana
yang luhur dan mana yangrendah, seumpama papan tulis dengan tulisannya,
kenyataannya yang memuji, dengan yang dipuji.
10. Papan tulis sebagai tempat kekuasaan, Manikmaya
adalah yang menguasai adanya papan tulis yang wening, adapun tintanya adalah
Sang Hyang Guru, sastra umpama papan, dang ending akal adaikan tinta sudah
memerintah, kalau lebih dulu tintanya, di mana tempat tinta jatuh di situ akan
tertera tulisannya.
11. Sungguh terdahulu papan tulisnya, yang mengatakan
papan tulis itu adanya dari tulisan, dan lagi umpamanya, dalang dengan
wayangnya, dalang sebagai sastra wayang sebagai akal sejati, sungguh benar
terdahulu dalangnya, yang menguasai dan membina seluruh wayang.
12. Seerti wafatnya Resi Bisma, pada waktu dipanah
oleh Wara Srikandi, anak panaknya Sang Harjuna, gending akal ibarat Wara
Srikandi, sastra ibarat busurnya, Sang Harjuna, gending akal ibarat Wara
Srikandi, sastra ibarat busurnya, Sang Harjuna merupakan titisan Dat yang
berilmu tinggi.
13. Seperti Batara Kresna, dengan Sang Hyang
Wisnumurti, itu ibarat yang sebenarnya, kedua-duanya dalam keadaan tunggal,
menyatu cipta dan rasanya dalam kehidupan, Sang Hyang Wisnu ibarat sastra, dan
Sri Kresna ibarat gendingnya.
14. Goncang dan porak-poranda, seperti Batara Kala
akan menelan bumi, Sri Kresna tidak tampak, dan telah musnah kemanusiaannya,
terpengaruh oleh wikramanya Sang Hyang Wisnu, akan tetapi tidak setiap hari,
wikramanya dilakukan.
15. Hanya pada saat-saat yang perlu, oleh karena
jikalau terus menerus wikrama tidak aka nada barang jadi, semuanya lebur, dunia
pun tidak ada, sebabnya dunia lebur, karena kridanya Sang Hyang Wisnumurti,
tidak berguna adanya bumi.
16. Sang Hyang Wisnu manitis pada Sri Kresna,
supaya mulia segala sesuatu yang terbentang di atas bumi, melindungi segala
yang tumbuh, menjaga tegak berdirinya dunia, tiap pendapat dan perintah Prabu
Kresna pasti luhur, kekuasaannya untuk mencipta, mencipta terus menitis secara
gaib.@@@
PUPUH V
D U R M A
D U R M A
1. Tekad mereka yang meluhurkan gending dan akal,
pendapatnya dalam tauhid, adalah bahwa Hyang Wisnu dan Kresna, hanya Hyang
Wisnu yang ada, Sri Kresnatidak terpadu, walaupun dunia menjadi hancur lebur,
tidak dihiraukan.
2. Jikalau masih mencipta kedua-duanya, tentulah
gugur buktinya,telah sia-sia belaka, nama Tuhan Yang Maha Kuasa, bersusun
dua-dua, dan lagi, menyatu dengan keadaan yang sejati.
3. Orang berjalan sudah sampai pada tujuannya,
mendadak kembali lagi, berarti ciptanya bercabang dua, dalam merangkai
karangan, entah mana yang benar-benar diyakini, yang sebenarnya, hal ini
merupakan ungkapan yang dibolak-balik.
4. Karena samar-samarnya keadaan Ilahi, sangat
halus dan susah dijamah, dan gaib sudah tak terkirakan, apabila dikira-kira,
elok dan tak terpikirkan, kekuasaan untuk bersikap, tidak lain hanya cipta yang
suci.
5. Dalam pikiran yang awas mendapat bisikan,
adapun orang yang mengatakan luhur sastranya, susun dua-dua, tidak begitu,
caranya menjalankan tauhid.
6. Adanya itu berasal dari ketiadaan, sedangkan
ketiadaan itu disebabkan dari ada, terasa ada atau tidak itu, kebenaran Datnya
Yang Maha Kuasa, itulah sastra sejati, tanpa kawan, dan tidak tersusun dua-dua.
7. Adapun yang dikatakan mengulangi perjalanannya
kembali, itu mustahil benar, bukan demikian maksudnya, yang mestinya ada, dalam
sukma terbentangnya bumi, maka terus dalam memuji, mengharap kebahagian agar
dirinya wening (bersih, suci).
8. Kemampuannya menyelami indahnya alam, terus di
akal tampak, kesepian dalam kemasyuran, sebagai wakil rahasianya alam, itulah
gambaran tentang rumitnya ilmu, terpaku dalam alam itu, maka tampaklah yang
baru.
9. Maka ilmu yang disertai dengan menjalani
syareat, sejahteranya mahkluk, menjadi terasa terus utama, merasuk dalam cipta
dan pujinya, bilamana masih salah cipta dan tekadnya.
10. Menurut hematnya Sri Kresna belum mulia,
disebut harimurti, maksudnya repot dalam segala hal, dari kemurniannya berfikir
itu, keadaan ariloka, dan madyaloka telah dipahami semua.
11. Adapun para Nabi yang sudah wafat, dan para
wali, para syuhada, juga para imam yang mulia, yang rohnya inganhi, yang
mendapat wahyu, tidak menjalani mati setiap hari.
12. Adaikata para Nabi itu mati selama-lamanya,
tidak dibicarakan kemudiannya, walaupun yang Triloka, pasti tidak ada, sebab
perbuatan semedi, para Nabi dan lainnya itu hanya pada waktu tertentu, waktu
takbir dan perang sabil.
13. Setiap hari tidakpisah dengan Hyang Suksma, ia
tidak sukar, menjalankan ciptanya, seperti lafal yang ada, Iya Kayu Pidareni,
yang maksudnya, hidup di dalam dua desa (dua tempat).
14. Desa lahir dan desa batin sudah terang,
mengejar kebahagian, dari ciptanya yang suci, terus sampailah pada Kayat Yang
Maha Kuasa, serambut saja tidak berbeda keadaannya, ketahuilah semua yang
sedang berebut pikir.
15. Ingatlah semua yang sedang mengolah nalar,
jangan sampai mengalami, terlanjur tekadnya, menyimpang dari peraturan hidup,
benar-benar berbahaya, gawatnya bukan main, tentang arah terangnya hidup.
16. Dan jangan sering bertengkar dalam pendapat,
itu syirik bagi orang berilmu, jikalau tidak cocok, lebih baik diam saja, akan
tetapi lalu tanyakan pada ulama, atau para sarjana ilmu.
17. Salah satu kebenarannya gending dan sastra,
mana yang tua dan mana yang muda, tanyakan itu, jangan was-was (bimbang) dan
ragu-ragu, supaya terus sampai saraknya Nabi, dengan penuh kepercayaan,
menjalankan agama suci.
18. Tamatlah serat sastra sandi pradangga, masuk di
dalam hati, semua kalimahnya itu, alimnya niyaga, setelah ia mengetahui dan
mendengar suara gamelan, tentang nama-namanya, jelas satu persatu. @@@
Advertisements
يَٰٓأَيُّهَا
ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱدۡخُلُواْ فِي ٱلسِّلۡمِ كَآفَّةٗ وَلَا تَتَّبِعُواْ
خُطُوَٰتِ ٱلشَّيۡطَٰنِۚ إِنَّهُۥ لَكُمۡ عَدُوّٞ مُّبِينٞ ٢٠٨
208.
Hai orang-orang yang beriman, masuklah kamu ke dalam Islam keseluruhan, dan
janganlah kamu turut langkah-langkah syaitan. Sesungguhnya syaitan itu musuh
yang nyata bagimu
Ayat ini memerintahkan kepada kita agar dalam
kehidupan manusia senantiasa menyandarkan pada ajaran-ajaran dan cara-cara
Islam. Kehidupan manusia dalam segala aspeknya; kapan saja (pagi, siang, sore
petang, malam),di mana saja (di rumah, di kantor, di sawah, di pasar, di desa,
di kota), dalam keadaan apa saja (senang/gembira, susah/sedih, kenyang, lapar,
kaya/miskin).
Salah satu tuntunan Islam dalam kehidupn
sehari-hari adalah selalu menyandarkan setiap kegiatan pd Allah yakni dengan
membaca basmallah.
بِسۡمِ
ٱللَّهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ ٱلرَّحِيمِ ١
1.
Dengan menyebut nama Allah Yang Maha Pemurah lagi Maha Penyayang
Allah SWT memiliki sifat pemurah dan juga
penyayang.
Allah juga yang memberikan rahmat kepada
manusia dalam berbagai bentuknya. Manusia selalu berusaha mencari dan
mendapatkan rahmat atau kasih saying Allah. Rahmat Allah terwujud dalam
berbagai bentuknya baik kesehatan, rizki, kedudukan, keselamatan, rasa tentram
dll.
Rahmat Allah tidak datang sendiri, harus selalu
diusahakan oleh manusia.
Adakalanya kasih saying Allah (rahmat) itu
dating dengan segera/cepat. Tetapi adakalnya manusia sudah mengusahakannnya
tetapi belum juga dating. Dalam hal ini, manusia tidak boleh berputus asa
apabila apa yang diusahakan itu belum terwujud.
Allah berfirman dalam surat Yusuf ayat 87
وَلَا
تَاْيَۡٔسُواْ مِن رَّوۡحِ ٱللَّهِۖ إِنَّهُۥ لَا يَاْيَۡٔسُ مِن رَّوۡحِ ٱللَّهِ
إِلَّا ٱلۡقَوۡمُ ٱلۡكَٰفِرُونَ ٨٧
87dan
jangan kamu berputus asa dari rahmat Allah. Sesungguhnya tiada berputus asa
dari rahmat Allah, melainkan kaum yang kafir"
Manusia diwajibkan untuk berusaha menggapai
rahmat Allah, menggapai cita-cita hidupnya di dunia ini sebagai jembatan menuju
alam akhirat.
Masib manusia agar berubah haruslah diupayakan
oleh manusia sendiiri dengan sekuat-kuatnya, sebaik-baiknya, semaksimal
mungkin. Manusia berusaha, Allah yang menentukan. Namun ketentuan Allah itu
didasarkan pada usaha manusia. Sebagaimana firman Allah dalam surat Ar-Ra’du
ayat 11
إِنَّ
ٱللَّهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوۡمٍ حَتَّىٰ يُغَيِّرُواْ مَا بِأَنفُسِهِمۡۗ
وَإِذَآ أَرَادَ ٱللَّهُ بِقَوۡمٖ سُوٓءٗا فَلَا مَرَدَّ لَهُۥۚ وَمَا لَهُم مِّن
دُونِهِۦ مِن وَالٍ ١١
11..
Sesungguhnya Allah tidak merubah keadaan sesuatu kaum sehingga mereka merubah
keadaan yang ada pada diri mereka sendiri. Dan apabila Allah menghendaki
keburukan terhadap sesuatu kaum, maka tak ada yang dapat menolaknya; dan
sekali-kali tak ada pelindung bagi mereka selain Dia