Selasa, 06 Maret 2018

Tembang Macapat


KINANTHI

Lamun sira darbe sunu
Iku kasinungan wajib
Wajib tumrap ibu rama
Paring piwucal agami
Dadya tuladha sasamya
Widada gesang puniki

Wajibe wong urip iku
Manut dhawuhing Ilahi
Jroning Qur’an wus kababar
Kang tumrap manungsa sami
Bakal pikantuk kabegjan
Wiwit awal ngantos akhir

Yen sira amucal sunu
Pawitan kalawan ngelmi
Ajwa pisan-pisan sira
Ngandika kasar akanthi
Putra dipun bombong samya
Dadya tuladha sasami


Muhammadiyah   (Dandanggula)

Wus antara tekeng manca nagri
Muhammadyah kinarya tuladha
Islam yekti agamane
Tansah dipun gegulung
Sarana  manembah mring Gusti
Allah kang Maha Kwasa
Agung sakalangkung
Umat sami becik rata
Tan wenten kang cicir gesang nguni
Donya lan akheratnya

Wus tumekeng tlatah manca nagri
Muhammadyah pakempalan kita
Hanjurung mring lampah sae
Nahi munkar amar makruf
Adhedasar qur’an lan hadis
Manut kukum negara
Umat kang jinangkung
Tebih saking lampah nistha
samubarang tindak kanthi ngati-ati
Dadya ngibadah kita 

Wus makarya satus papat warsi
Muhammadiyah tlatah Nuswantara
(A)Mar makruf nahi munkare
Datan wegah ing ewuh
Mrih raharja gesang puniki
Dhasar qur’an lan sunnah
Gya nenetepi dhawuh
Allah lawan Rasulullah
Kanthi sabar kawaskitan trus akhanti
Bagya ingkang pinanggya



Dadya sira manungsa kang bekti
Mring Ilahi dzat Maha Kuwasa
Tansah manembah uripe
Becik anggenya srawung
Manut kukum lawan agami
Sabarang pangandikan
Dadya ing pitutur
Kebak budi myang sasama
Lahir batin nyuwun ridhaning ilahi
Gesang manggih raharja
                                                                             Ki Dasa Purwaatmaja
(Eka wuryanta)





SINOM

Bebadan Muhammadiyah
Ngudi ridhaning Ilahi
Amar Makruf Nahi Munkar
Ngibadah akanthi ngelmi
Ngrembaka sagung nagri
Ing jabaning rangkah tamtu
Nuladha Rasulullah
Tumanjem mungging pribadi
Raharjo gesang donya lan akheratnya

Pangkur

Wus ginaris Kang Kuwasa
Manungsa datan bisa nyelaki pati
Tamtu kadya janjinipun
Duk aneng guwa garba
Datan mingkuh sanajan katingal ewuh
Sadaya tansah samekta
Yen wus tekeng titi wanci

Kanjeng Rasul wus ngandika
Sapa wong kang percaya marang Ilahi
Lan dina akhir neku
Mangka wajib mring sira
Kurmat marang sadulur ingkang mertamu
Padhang sumeh ulatira
Pangucap becik sayekti

Kinanti
Bekti maring rama ibu
Iku wajibipun siwi
Lamun sakarone sepuh
Den tambah anggonmu bekti
Ajwa pisan sira ngucap
Jalari gerah penggalih.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar