KHUTBAH SHALAT
GERHANA BULAN
Rabu Legi, 31
Januari 2018
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَاْلأَرْضَ. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ. فَياَ عِبَادَاللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَاللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. وَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:
وَآيَةٌ لَّهُمُ اللَّيْلُ نَسْلَخُ
مِنْهُ النَّهَارَ فَإِذَا هُم مُّظْلِمُونَ. وَالشَّمْسُ تَجْرِي
لِمُسْتَقَرٍّ لَّهَا ۚ ذَٰلِكَ تَقْدِيرُ الْعَزِيزِ الْعَلِيمِ.
وَالْقَمَرَ قَدَّرْنَاهُ مَنَازِلَ حَتَّىٰ عَادَ كَالْعُرْجُونِ الْقَدِيمِ. لَا
الشَّمْسُ يَنبَغِي لَهَا أَن تُدْرِكَ الْقَمَرَ وَلَا اللَّيْلُ سَابِقُ
النَّهَارِ ۚ وَكُلٌّ فِي فَلَكٍ يَسْبَحُونَ.
Jama’ah Rahimakumullah,
Mangga kita sedaya sami
ngunjukaken syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT karana sedaya peparingipun
ingkang sampun kita tampi, langkung-langkung paringipun pitedah Iman lan Islam.
Mangga kita tansah ningkataken ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT kanthi taqwa
ingkang sakleres-leresipun. Salawat lan salam manga tansah kita aturaken
dhumateng Nabiyullah Muhammad SAW. Kanthi kita tansah maos salawat menika,
mugi-mugi samangke kita kaparingan syafa’at saking Kanjeng Nabi mbenjing ing
dinten kiyamat. Amin.
Dalu menika kita sedaya
saget nyekseni kedadosan grahana mbulan total. Prastawa kados dalu menika namung
kedadosan saben 152 tahun sepisan. Namung tiyang ingkang dipun wastani ulil
albaab (tiyang ingkang menggalih kanthi iman) kemawon ingkang purun
menggalihaken prastawa grahana lan purun mendhet hikmahipun. Prastawa grahana
kadangkala ketingal ngajrih-ajrihi. Kanthi alon-alon mbulan ketingal peteng
sakperangan, lajeng peteng sedaya. Lajeng ketingal ragi padhang mbaka sekedhik,
lan wangsul padhang kados padhanging purnama. Kedadosan kados mekaten wau ing
saktengahing masyarakat lajeng wonten mitos bilih mbulan dipun tedha buta.
Tiyang-tiyang lajeng sami nuthuk kentongan lan bedhug minangka pralambang nuthuk
padharanipun buta. Lan panuthukipun tiyang-tiyang wau dipun anggep kasil kanthi
wangsul padhangipun malih mbulan kados kawontenan sakderengipun.
Sakperangan masyarakat
pitados ugi bilih prastawa grahana menika pratandha kawontenan ingkang
ngajrih-ajrihi. Kawontenan kados mekaten kacatet wonten ing salah saweneh
hadits rasul. Rikala putranipun Rasululah, Ibahim, seda, ngleresi wonten
prastawa grahana sakperangan wonten ing kitha Madinah. Tiyang-tiyang lejeng
nggathukaken prastawa grahana kaliyan sedanipun putra Rasulullah Ibrahim.
Wonten setunggaling
hadits Abu Burdah saking Abu Musa Radhiyallahu ‘anhu, dipun cariyosaken prastawa
grahana ing Madinah :
“Nalikanipun kedadosan
grahana srengenge ing Madinah Rasulullah lajeng jumeneng kanthi raos kaget,
kados-kados kiyamat badhe dateng. Rasulullah lajeng tindak masjid lan shalat
kanthi rukuk lan sujud ingkang panjang. Saksampunipun shalat Rasulullah lajeng
ngendika : “Prastawa grahana iku dadi tanda kuasane Allah, dudu karana lahir
lan matine sawenehing uwong. Nanging grahana iku kedadean supaya manungsa pada
wedi marang Allah. Sakmangsa sira kabeh meruhi prastawa grahana mangka enggala
pada dzikir lan nyuwun pangapura marang Allah SWT. (Hadits Muttafaq ‘Alaihi).
Prastawa grahana menika
saweneh tandha-tandha keagungan lan panguwaosipun Allah SWT. Kanthi ilmu
pengetahuan kita saget langkung kathah nyinau kedadosan-kedadosan ing alam
donya menika. Kanthi prastawa grahana menika nedahaken bilih alam menika saestu
wonten ingkang ngatur. Allah piyambak ingkang ngatur alam donya sak isinipun menika kanthi paugeran ingkang sanget teliti
lan teratur, sahingga kanthi keteraturan menika saget dipun dadosaken pathokan
kangge ngetang wekdal.
وَسَخَّرَ لَكُمُ ٱلشَّمۡسَ
وَٱلۡقَمَرَ دَآئِبَيۡنِۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ ٱلَّيۡلَ وَٱلنَّهَارَ ٣٣
“Lan Panjenengane Allah wus nundhukake
tumrap sira srengenge lan mbulan kan terus mubeng (ing orbite), lan wus
nundhukake tumrap sira bengi lan awan . (QS. Ibahim : 33)
Awalipun manungsa
nganggep bilih srengenge lan mbulan menika ingkang ngubengi bumi wonten ing
paham geosentris. Sak lajengipun wonten pemanggih bilih ingkang
mubeng menika bumi lan mbulan ngubengi srengenge minangka pusatipun tata surya
kados wonten ing paham heliosentris. Allah njelasakan bab
srengenge, bumi saha mbulan kados ing Al-Qur’an Surat Yunus ayat 5 :
هُوَ ٱلَّذِي جَعَلَ ٱلشَّمۡسَ
ضِيَآءٗ وَٱلۡقَمَرَ نُورٗا وَقَدَّرَهُۥ مَنَازِلَ لِتَعۡلَمُواْ عَدَدَ ٱلسِّنِينَ
وَٱلۡحِسَابَۚ مَا خَلَقَ ٱللَّهُ ذَٰلِكَ إِلَّا بِٱلۡحَقِّۚ يُفَصِّلُ ٱلۡأٓيَٰتِ
لِقَوۡمٖ يَعۡلَمُونَ ٥
Panjenengane (Allah)
kang wus ndadekake srengenge seminar lan mbulan sumorot lan ditetapake dening
Allah manzilah-manzilah (papan-papan) kanggo lakune mbulan iku, supaya sira
ngerteni etungan tahun dan etungan (wektu). Allah ora ndadekake kang mangkono iku
kejaba kanthi haq. Allah njelasake tanda-tanda (keagungane) marang wong-wong
kang padha ngerti. (QS. Yunus : 5)
Ayat menika mboten namung
njelasaken bedanipun sifat sinaripun srengenge lan mbulan, nanging ugi
benteninipun obahipun srengenge lan mbulan ing orbitipun. Bentenipun gerak
orbit menika ingkang ndadosaken srengene menika ketingal tetep bentukipun, lan
mbulan ketingal benten-benten bentukipun menika amargi benten-benten papan-papanipun
(manzilah-manzilahipun) wonten ing system bumi-mbulan-lan srengenge. Obahipun
mbulan lan srengenge saben dintenipun, njedul saking wetan lan angslup ing
sisih kilen sejatosipun namung obah ingkang semu. Sebab sejatosipun bumi
ingkang obah wonten ing porosipun sedinten setunggal puteran, sahingga
ndadosaken suasana rina lan wengi. Sejatosipun mboten namung bumi ingkang obah
ing porosipun nanging mbulan lan srengenge ugi mubeng wonten ing orbitipun.
Mbulan ngorbit bumi, lan bumi ngorbit srengenge. Srengenge ugi ngorbit wonten
ing pusat galaksi.
وَءَايَةٞ لَّهُمُ ٱلَّيۡلُ
نَسۡلَخُ مِنۡهُ ٱلنَّهَارَ فَإِذَا هُم مُّظۡلِمُونَ ٣٧ وَٱلشَّمۡسُ تَجۡرِي
لِمُسۡتَقَرّٖ لَّهَاۚ ذَٰلِكَ تَقۡدِيرُ ٱلۡعَزِيزِ ٱلۡعَلِيمِ ٣٨ وَٱلۡقَمَرَ
قَدَّرۡنَٰهُ مَنَازِلَ حَتَّىٰ عَادَ كَٱلۡعُرۡجُونِ ٱلۡقَدِيمِ ٣٩ لَا ٱلشَّمۡسُ
يَنۢبَغِي لَهَآ أَن تُدۡرِكَ ٱلۡقَمَرَ وَلَا ٱلَّيۡلُ سَابِقُ ٱلنَّهَارِۚ
وَكُلّٞ فِي فَلَكٖ يَسۡبَحُونَ ٤٠
“Lan saweneh tanda-tanda (kekuasaane Allah
kang gedhe) kanggo sira kabeh yaiku wektu wengi, Ingsun pisahake awan saka
bengi, mangka banjur dadi suasana peteng.Lan srengenge lumaku ana ing papan
pangubengane.Mangkono iku dadi ketetepane Kang Maha Prakosa lan Maha
Ngawuningani.Lan wus Ingsun tetepake tumrape mbulan manzilah-manzilah, sahingga
(sakwise mbulan tekan manzilanhe kang pungkasan) bali kaya wujud asale kang
cilik. Ora bakal mungkin tumrape srengenge ketemu mbulan, lan wengi uga ora bisa
ndhisiki awan, lan kabeh pada mubeng ana ing garis ubenge dhewe-dhewe (QS Yasin
: 37 – 40)
Sinaosa ketingalipun srengenge lan
mbulan menika lumampah wonten ing margi ingkang sami, nanging mboten mungkin
kekalihipun tabrakan utawi nyelaki satunggal satunggalipun, sebab orbitipun
benten.
Kanthi kedadosan grahana mbulan ing
wekdal menika, Allah nedahaken dhumateng kita panguwaosipun. Nanging ugi Allah
paring pitedah dhumateng kita sedaya bilih wontenipun lumampahipun srengenge,
bumi lan mbulan menika saged dados pathokan kangge pretangan wekdal. Tumrap
tiyang iman, saestu grahana mbulan menika saged nambahi raos taqwa lan saya
celak anggenipun kumawula dhumateng Allah SWT. Mangga kita bukteaken bilih
pretangan para ahli kita bab wontenipun prastawa ing dalu menika pancen cocok.
Ateges bilih saestu Allah paring ilmu kanthi ubengipun bumi mbulan lan
srengenge ingkang kasebat kanthi ilmu falaq. Kanthi kita saged mbuktekaken
prakiraanipun ilmu pengetahuan menika mboten ateges kita lajeng sombong, ananging
kita tambah celak lan bersyukur dhumateng Allah SWT kanthi kita ngucap : “Dhuh
Pangeran kula mboten Panjenengan dadosaken menapa kemawon kanthi muspro, Maha
Suci Panjenengan (saking sedaya kekirangan), mugi Panjenangan paring
pangapunten dhumateng kawula,lan mugiPanjenengan jagi kawula saking geninipun
naraka.”
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.
Saksampunipun kita rampung nindakaken shalat grahana lan mendhet hikmah
saking prastawa grahana menika, manga kita pungkasi khotbah menika kanthi kita sedaya
sami donga nyuwun dhumateng Allah SWT supados kaparingan pangapunten sedaya
kalepatan lan dipun paringi pitedah kangge nglajengaken gesang pangibadahan
kita dhumateng Allah SWT.
(Donga penutup khutbah)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar