KAHANAN
Saben dina
ana-ana wae
Wong tuwa
mlaku kedharang-dharang
Turut lurung
Tanpa
awer-awer awake luthuk
Ngguya-ngguyu,
bengak bengok, nongas nangis
Gusti
Allah……
Kula nyuwun
pangapunten
Ngayogyakarta,
24 Juli 2017.
LAKU LAN
LUMAKU
Wis rasah
dho kakean muwus
Kahanan
donya iki ora bakal owah gingsir
Yen mung
digrenengi
Ditangisi
Apa meneh
digeguyu
Wajibe kabeh
kudu ngusadani
Kanthi laku
kang becik
Dalane urip
kang kebak perkara
Nanging ora
kena banjur mung digetuni
Sebab Gusti
pancen wus paring
Manungsa pirang-pirang
marga kang kudu diliwati
Sapa aweh
mesti bakal nampa balen
Kang luwih
akeh
Sapa njupuk
kudu mbalekake
Saben dina
mesti ana peparinge
Ing ngendi
wae papan
Nanging kudu
nganggo dilakoni lan ditandangi
Rejeki ora
tiba mak tlepok
Kaya codhotan
sawo ing wayah bengi
Yogyakarta,
13 Februari 2018
Tidak ada komentar:
Posting Komentar