Selasa, 13 Februari 2018

Khutbah Idul Fitri 1438 H


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ إِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Walillahilhamd.
Kaum Muslimin Jama’ah Shalat Ied Rahimakumullah,
Puji miwah syukur mangga kita konjukaken ngarsa dalem Allah, ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan ingkang tanpa wicalan dhumteng kita sedaya kaum muslimin lan muslimaat, lan salah satunggalipun nikmat ingkang mboten saget dipun ukur agengipun inggih menika nikmat iman lan islam ingkang kita tampi. Langkung-langkung wonten wekdal enjing menika kita sedaya pinaringan ingkang ageng sanget. Syukur Alhamdulillah kita sedaya sampun tuntas nindakaken tugas suci saha ayahan ageng sak dangunipun wulan Ramadhan inggih menika siyam Ramadhan saha ibadah-ibadah sanesipun mboten wonten rubeda satunggal menapa. Mugi Allah tansah ridha lan kersa paring ganjaran dhumateng kita sedaya benjing ing yaumilkiyamah.
Shalawat lan salam mangga kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabiyullah Muhammad SAW. Mugi-mugi kita tansah kaparingan pitedah lan kekiyatan kangge nindakaken sunnah-sunnahipun ngantos benjing akhir gesang kita,lan isya Allah kita sedaya kaparingan syafa’at saking Rasulullah benjing ing dinten kiyamat. Amin.
Kaum Muslimin Jama’ah Shalat Id Rahimakumullah,
Setunggal wulan nutug kita sedaya sampun nindakaken ibadah siyam kanthi tuntas lan mboten nemahi alangan setunggal menapa. Kanthi raos manah ingkang gembira lan kebak raos syukur, enjing menika kita sedaya sesarengan ngumandhangaken takbir, tahlil, saha tahmid, nelakaken raos syukur kanthi madhep menambah dhumateng Allah nindakaken shalat Idul Fitri wonten ing papan menika. Wekdal enjing menika ugi kita tansah nyuwun wonten ngarsa dalem Allah supados Allah kepareng ridha lan kersa nampi sedaya pangibadahan kita ing wulan Ramadhan lan taksih ngeparengaken manggihaken kita sedaya kaliyan wulan Ramadhan ingkang badhe dhateng.
Ibadah siyam Ramadhan ingkang sampun kita tindakaken setunggal wulan menika minangka wujud keimanan lan ketaatan kita dhumateng dhawuh dalem Allah SWT. Dhawuh Allah lumantar pangandikanipun wonten ing kitab suci Al-Qur’an wonten ing Surat Al-Baqarah ayat 183;

“He wong-wong kang padha iman, diwajibake tumrap sira nindakake siyam Ramadhan,kaya kang wus diwajibake tumrap kaum-kaum sakdurungira kabeh, supaya sira kabeh padha taqwa”
Kita sedaya nindakaken siyam Ramadhan kanthi nyegah dahar lan ngunjuk saha nyegah bab ingkang mbataleken siyam sewulan laminipun menika saestu amargi nindakaken dhawuh Allah mboten karana menapa kemawon. Ateges ugi bilih karana keimanan lan keyakinan ingkang kiyat wonten ing manah satemah kita nyendikani dhawuh nindaaken siyam. Keyakinan ingkang kiyat menika anjalari kita saget mbucal lan nyingkiri sedaya bab-bab ingkang ngrisak ibadah siyam Ramadhan.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Walillahilhamd.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Wonten ing wulan siyam kita ugi dipun sunnahaken nindakaken ibadah-ibadah ingkang utami antawisipun nindakaken shalatul lail utawi shalat tarwih, ngathah-ngathahaken maos al-qur’an, maos dzikir lan donga, nindakaken I’tikaf, infaq lan shodaqoh,saha zakat fitri menapa dene zakat maal.
Ibadah siyam ramadhan ingkang sampun kita tindakaken wetah setunggal wulan kepengker dipun wajibaken Allah mboten wonten sanes supados manungsa ingkang iman saestu saged dados manungsa ingkang sampurna, ingkang wonten ing Al-Qur’an kasebat manungsa ingkang muttaqin. Siyam ramadhan menika pinangka lampah utawi margi ingkang kedah kita tindakaken kangge nggayuh kasampurnaning lan ketaqwaanipun manungsa.
Manungsa taqwa dipun gambaraken Allah wonten ing Al-Qur’an Surah Al-Baqarah ayat 3 – 4:
أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
ٱلَّذِينَ يُؤۡمِنُونَ بِٱلۡغَيۡبِ وَيُقِيمُونَ ٱلصَّلَوٰةَ وَمِمَّا رَزَقۡنَٰهُمۡ يُنفِقُونَ ٣ وَٱلَّذِينَ يُؤۡمِنُونَ بِمَآ أُنزِلَ إِلَيۡكَ وَمَآ أُنزِلَ مِن قَبۡلِكَ وَبِٱلۡأٓخِرَةِ هُمۡ يُوقِنُونَ ٤
“Yaiku wong-wong kang padha percaya marang dzat kang ghaib, lan padha gelem ngedegake shalat, lan padha nginfakake saperangan saka rizki kang wus diparingake Allah. Lan wong-wong kang padha iman marang apa kang wus den turunake marang ummat sakdurunge, lan wong-wong kang padha percaya anane dina akhirat”
Sawenehipun ciri lan tanda-tandanipun sarta sifat tiyang muttaqien miturut pangandika dalem Allah ing surat Al-Baqarah menika antawisipun:
Pitados dhumateng barang kang ghaib, purun nindakaken shalat, paring infaq saking sakperangan rizki ingkang dipun paringaken Allah, pitados dhumateng kitab-kitab saksderengipun Al-Qur’an, lan pitados dhumateng dinten qiyamat utawi dinten akherat.
Manungsa taqwa menika manungsa ingkang pitados bilih wonten dzat ingkang ghaib ingkang nemtokaken pejah gesangipun manungsa inggih menika Allah SWT. Manungsa dipun wenangaken usaha menapa kemawon ingkang dipun izini dening agami, nanging Allah piyambak ingkang badhe nemtokaken hasilipun. Kanthi wenangipun manungsa ngusahaaken gesangipun menika, manungsa taqwa lajeng dados manungsa ingkang sregep nyambut damel, mboten nate nggadhahi raos putus asa kangge nyekapi kabetahan gesangipun wonten ing alam donya. Semantena manungsa taqwa kedah ugi enget tujuan gesangipun wonten ing donya menika mboten sanes tumuju dhumateng kampung akherat ingkang langkung langgeng. Pangandika dalem Allah wonten Surat Al-Qashas 77:
أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
وَٱبۡتَغِ فِيمَآ ءَاتَىٰكَ ٱللَّهُ ٱلدَّارَ ٱلۡأٓخِرَةَۖ وَلَا تَنسَ نَصِيبَكَ مِنَ ٱلدُّنۡيَاۖ وَأَحۡسِن كَمَآ أَحۡسَنَ ٱللَّهُ إِلَيۡكَۖ وَلَا تَبۡغِ ٱلۡفَسَادَ فِي ٱلۡأَرۡضِۖ إِنَّ ٱللَّهَ لَا يُحِبُّ ٱلۡمُفۡسِدِينَ ٧٧

 “Lan padha golekana kanthi apa kang wus dianugerahake Allah marang sira kabeh kabegjan kampung akherat, lan aja sira nglalekake kabegjan lan kanikmatan donya, lan pada tumindaka kang becik marang sapadha-padha kaya dene Allah wus gawe becik marang sira kabeh, lan aja sira gawe kerusakan ana ing lumahing bumi. Saktemene Allah ora tresna marang wong kang gawe karusakan”
Ayat menika paring pitedah dhumateng kita supados kita sedaya tansah mantep lan kanthi saestu-estu pados kabegjan ing kampung akherat inggih menika suwarga. Kampung akherat menika ugi bab ingkang ghaib, nanging kita sedaya kedah pitados. Tujuan gesang ingkang hakiki menika inggih kabagjan ing kampung akherat. Kampung akherat utawi suwarga menika wontenipun benjing menawi kita sedaya sampun wangsul katimbalan Allah SWT. Saged kawastanan bilih gesangipun manungsa ingkang taqwa menika tansah mulad lan mriksani kanthi saestu kawontenan wekdal sakmenika pinangka landhesan panggesangan ingkang badhe dhateng. Sae lan mbotenipun kawontenan ing akherat benjing gumantung sae lan mbotenipun gesang wonten ing alam donya menika.
Pangandikanipun Allah wonten ing Surat Al-Hasyr ayat 18:
أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡتَنظُرۡ نَفۡسٞ مَّا قَدَّمَتۡ لِغَدٖۖ وَٱتَّقُواْ ٱللَّهَۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرُۢ بِمَا تَعۡمَلُونَ ١٨
 “He wong-wong kang padha iman, pada taqwaa sira marang Allah, lan saben-saben jiwa padha gatekna apa kang wus den tindakake saperlu sumadya tatapakaryan ing wektu kang bakal tumeka. Padha taqwaa sira saktemene Allah Maha ngawuningani apa kang sira tindakake”
Manungsa muslim ingkang taqwa kedah tansah nggatosaken pakaryan ingkang sampun dipun tindakaken, pinangka dhasaring lampah ingkang badhe katindakaken ing wekdal saklajengipun. Bab menika wonten ing ilmu manajemen modern dipun wastani evaluasi/panaliti utawi muhasabah. Manungsa taqwa menika manungsa ingkang tansah nyetitekaken gesangipun pinuju dhumateng wekdal ingkang badhe dhateng inggih menika alam akherat.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Walillahilhamd.
Ma’asyirah Muslimin Rahimakumullah,
Manungsa muttaqien menika ugi manungsa ingkang tansah nindakaken shalat. Shalat ingkang sakleres-leresipun, shalat ingkang khusyu’lan tumakninah, shalat ingkang dipun tindakaken ing awalipun wekdal, lan shalat ingkang dipun tindakaken kanthi berjamaah ing masjid lan mushalla. Ibadah shalat ingkang kados mekanten saget dados panyegahipun tumindak keji lan munkar, Allah paring pangandika wonten Al-Qur’an Surat Al-Ankabut ayat 45:
أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَۖ إِنَّ ٱلصَّلَوٰةَ تَنۡهَىٰ عَنِ ٱلۡفَحۡشَآءِ وَٱلۡمُنكَرِۗ

 “Lan padha tindakna shalat, saktemene shalat iku nyegah tumindak keji lan munkar”
Shalat ingkang saged dados sarana tansah enget dhumateng Allah, enget dhumateng sedaya tanggel jawab gesang wonten alam donya inggih menika ngibadah lan kumawula dhumateng Allah SWT.
وَأَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ لِذِكۡرِيٓ

“Lan padha tindakna shalat pinangka sarana eling marang Allah”
Manungsa taqwa ugi manungsa ingkang tansah purun paring infaq dhumateng sesamining gesang, saged nahan hawa nepsunipun, lan purun paring pangapunten dhumateng kesalahanipun tiyang sanes.. Allah negasaken wonten Surat Ali Imran ayat 134;
أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ
ٱلَّذِينَ يُنفِقُونَ فِي ٱلسَّرَّآءِ وَٱلضَّرَّآءِ وَٱلۡكَٰظِمِينَ ٱلۡغَيۡظَ وَٱلۡعَافِينَ عَنِ ٱلنَّاسِۗ
 “Yaiku wong-wong kang pada gelem infaq ana ing kahanan cupet utawa longgar,lan wong-wong kang padha nahan hawa nepsune lan kang gelem paring pangapura kaluputane wong liya”
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah majibaken manungsa nindakaken siyam ramadhan supados sasksampunipun kagembleng ing wulan ramadhan manungsa nggadhahi sifat-sifat muttaqien. Sedaya sifat taqwa menika dados modal kita sedaya lumebet wonten wulan syawal lan wulan-wulan candhakipun. Modal ingkang kados mekaten wau mangga tansah kita jagi lan kita lestarekaken ing wulan syawal ngantos benjing kita pinanggih malih kaliyan wulan ramadhan ingkang badhe dhateng. Pembangunan negari kita Indonesia menika sanget mbetahaken manungsa-manungsa ingkang muttaqien kangge ningkataken daya saing bangsa ing era keterbukaan menika lan kangge mujudaken tatananing masyarakat ingkang baldatun thayibatun wa robbun ghafur. Bangsa Indonesia mbetahaken langkung kathah manusia ingkang imanipun lebet, imanipun lurus, ingkang tauhidipun jejeg. Bangsa Indonesia ugi mbetahaken manungsa ingkang sregep ngibadahipun, khususipun ngibadah shalat, lan ingkang dermawan lan loma, ingkang nggadhahi sifat sabar saha tansah damel amal kesaenan dhumateng sesami gesang.
Ma’asyiralmuslimin rahimakumullah,
Mangga kita sambut Idul Fitri kanthi raos syukur lan waspada. Sebab saksampunipun rampung perjuangan kita ing wulan siyam kepengker menika, sampun nengga perjuangan sanesipun ingkang kedah kita tindakaken.
 فَإِذَا فَرَغۡتَ فَٱنصَبۡ ٧  وَإِلَىٰ رَبِّكَ فَٱرۡغَب ٨
 “Mangka yen sira kabeh wus rampung sawijining pakaryan, enggal tindakna pakaryan liyane kanthi temen-temen. Lan mung marang pangeranira sira kabeh duwe pangarep-arep”
                                                                                    (QS. Al-Insyirah 7-8)
Muhammadiyah ingkang nyawiji nindakaken Dakwah Islam Amar Ma’ruf Nahy Munkar tansah sesarengan masyarakat mbudi daya mbangun masyarakat kanthi program-program ingkang dipun susun wonten ing mapinten-pinten bab sae bab agami, pendidikan, social, ekonomi, kabudayan lan sanes-sanesipun. Muhammadiyah tansah manjing ajur ajer sak tengahing masyarakat mbudi daya amrih mawujudipun masyarakat ingkang sejahtera lahir lan batin. Kanthi andhaping manah, Muhammadiyah nyuwun sedaya panyengkuyungipun masyarakat kangge mujudaken cita-cita bangsa Indonesia mbangun masyarakat ingkang sejahtera lahir lan batin.
Ma’asyiralMuslimin rahimakumullah,
Kangge mungkasi khutbah singkat enjing menika, mangga kita sesarengan nyuwun wonten ngarsa dalem Allah SWT kanthi manah ingkang saestu lan kebak pengajeng-ajeng, mugi sedaya amal ibadah kita ing wulan ramadhan katampi lan pikantuk ganjaran ingkang langkung kathah. Mugi-mugi kita sedaya tansah kaparingan hidayah, inayahipun, kangge nindakaken tugas-tugas kita pinangka pangarsaning masyarakat lan anggota masyarakat, lan kita taksih kepareng kapanggihaken wulan ramadhan tahun ingkang badhe dhateng.

الْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ وَأَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ، يَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اللّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ. أَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْجَنَّةَ وَنَعُوْذُ بِكَ مِنَ النَّارِ. أَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. رَبِّ أَوْزِعْنِيْ أَنْ أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِي أَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلَى وَالِدَيَّ وَأَنْ أَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضَاهُ وَأَدْخِلْنِيْ بِرَحْمَتِكَ فِي عِبَادِكَ الصَّالِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً وَهَيِّءْ لَنَا مِنْ أَمْرِنَا رَشَدًا. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ، وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَلَمِيْنَ.     






KHUTBAH IDUL FITRI 1437 H





PIMPINAN CABANG MUHAMMADIYAH
SRANDAKAN

1437 H / 2016 M



Tidak ada komentar:

Posting Komentar