السلام عليكم
ورحمة الله وبركاته
إِنَّ
الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ
مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ
فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ
تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا
رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا
وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ
تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا
أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا.
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ
اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar wa
lillahilhamd.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah.
Puji miwah syukur mangga tansah kita aturaken konjuk
ngarsa dalem Allah subhanahu wa ta’ala, ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan,
rahmat lan barakah dhumateng kita sedaya. Langkung-langkung wonten ing wekdal
punika, kita sedaya kaum muslimin wonten ing pundi-pundi papan rumaos kasokan
rahmat saha barokah Allah, satemah kita saged nindakaken shalat Id kanthi manah
ingkang bingah lan remen. Shalawat lan salam mangga kita aturaken dhumateng
junjungan kita nabiyullah Muhammad SAW, ingkang sampun nglumantaraken kita
sedaya saking suwasana peteng tumuju ing kawontenan ingkang padhang.
Wekdal enjing menika, sedaya umat Islam ing
pundi-pundi papan sami ngagungaken asma dalem Allah kanthi takbir, tahlil, lan
tahmid saha nindakaken shalat Idul Fitri kanthi raos gembiraning manah, Gembiraning
manah menika karana kita sampun kasil nindakaken ngibadah syiyam sewulan nutug
wonten ing wulan ramadhan kanthi sae lan sapunika saged lumebet ing wulan
syawal, wulan kemenanganipun umat Islam. Nanging kita ugi rumaos sedih sebab
pepisahan kaliyan wulan ramadhan, wulan ingkang agung lan kebak barokah Allah.
Namung setunggal pangajeng-ajeng kita sedaya, mugi sedaya amal ibadah kita ing
wulan ramadhan katampi Allah Subhanahu
wa ta’ala, lan mugi Allah kepareng manggihaken kita sedaya kaliyan wulan
ramadhan ing tahun ngajeng. Amin.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar,
Walillahilhamd.
Jama’ah shalat Id rahimakumullah,
Siyam ramadhan ingkang nembe kita ayahi
hakikatipun inggih punika nahan hawa nafsu dhumateng sedaya tumindak ingkang saged
mbatalaken siyam. Nafsu ingkang dipun halalaken ing sak njawinipun wulan
ramadhan, ananging saklebetipun wulan ramadhan dipun awisi mliginipun ing
wekdal siyang.
Allah Subhanahu wa ta’ala sampun paring
nafsu tumrap manungsa, satemah kanthi nafsu menika ndadosaken manusia dinamis,
inovatif, lan kreatif wonten ing sak lumahing bumi menika. Kanthi nafsu menika
ingkang mbentenaken manungsa kaliyan malaikat, makhlukipun Allah ingkang tansah
setya tuhu nderek dhawuh dalem Allah SWT. Nafsu ingkang mapan wonten ing
saklebetipun manungsa menika nggadhahi kalih dimensi inggih menika dimensi
positif lan negatif.
Allah SWT paring pangandika wonten ing
surat Asy-Syam ayat 8;
فَأَلْهَمَهَا فُجُورَهَا وَتَقْوَاهَا
“Mangka Allah banjur paring ilham marang jiwa iku mau
dalan kefasikan lan ketaqwaan”
Kalihipun warni nafsu menika ingkang dipun wastani
dimensi kemalaikatan ingkang asalipun saking alam malaikat sarta dimensi
kewaniyah lan kesrakahan. Dimensi kemalaikatan menika ingkang ngarahaken
manungsa dhumateng tumindak kesaenan, remen tetulung, remen silaturahim lan
tumindak sae sanesipun. Dene dimensi kewaniyah lan kesrakahan menika ingkang
hanjalari manungsa remen tumindak awon, tegelan, dzalim lan serakah dhateng
panguwaos lan bandha donya. Nafsu kewaniyah menika menawi mboten dipun
kendaleni saget ndadosaken manungsa langkung nista lan srakah tinimbang kewan.
Allah ngendika mekaten;
زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ الشَّهَوَاتِ مِنَ النِّسَاءِ وَالْبَنِينَ
وَالْقَنَاطِيرِ الْمُقَنْطَرَةِ مِنَ الذَّهَبِ وَالْفِضَّةِ وَالْخَيْلِ
الْمُسَوَّمَةِ وَالْأَنْعَامِ وَالْحَرْثِ ذَلِكَ مَتَاعُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَاللَّهُ عِنْدَهُ
حُسْنُ الْمَآب
“Didadekake endah ana ing (pandangane) manungsa marang
apa wae kang dipengini yaiku; wanita-wanita, anak, bandha kang akeh saka jenise
emas, perak, jaran pilihan, kewan ternak, lan sawah pakebonan. Kabeh mau
kasenengane urip ana ing ngalam donya, lan ana ing ngarsane Allah papan
panggonan bali kang becik (suwarga)”.
Pangandikanipun Allah menika nggambaraken bilih Allah
ndadosaken alam sak isinipun menika minangka sarana taqarub nyelak ngarsa dalem
Allah. Emanipun kathah manungsa ingkang kapusan dhumateng gebyaripun kahanan
donya sahingga kesupen hakikat gesangipun ing ngalam donya menika lan srakah
dhumateng banda donya.
Rasulullah SAW ngendika mekaten ;
لَوْ أَنَّ لِابْنِ آدَمَ وَادِيًا مِنْ
مَالٍ لَتَمَنَّى وَادِيَيْنِ وَلَوْ أَنَّ لَهُ وَادِيَيْنِ لَتَمَنَّى ثَالِثًا
وَلَا يَمْلَأُ جَوْفَ ابْنِ آدَمَ إِلَّا التُّرَاب
“Menawa manungsa entuk sak gunung banda, mesti bakal
kepengin rong gunung. Yen entuk rong gunung bandha, maka mesti bakal kepengin
telung gunung. Lan ora bakal mandeg pepenginan iku kejaba yen wus tekaning
pati” (Hadits riwayat Ahmad)
Sifat srakah manungsa mboten badhe ical kejawi yen
sampun kedhatengan pejah. Wonten ing istilah basa Arab serakah dipun sebat
tamak ingkang tegesipun mboten nate marem wonten samu kawis menapa kemawon,
sahingga sedaya cara dipun lampahi kangge nguja sedaya pepenginanipun.
Ma’asyiral Muslimin ahimakumullah,
Srakah menika salah sawenehipun penyakit manah ingkang
nggadhahi pengaruh sosial ingkang bebayani. Tiyang ingkang srakah tansah
kepengin ingkang langkung kathah. Mboten peduli anggenipun nggayuh pepenginan
menika kanthi margi ingkang nyasar, ngrugeaken tiyang sanes lan awakipun
piyambak. Ingkang penting pepenginanipun nafsu saged kadumugen. Nafsu srakah
menika saged ndadosaken pejahipun hati nurani lan pamireng. Srakah ugi dados
papan lumebetipun setan. Menawi setan sampun lumebet wonten ing manahipun
manungsa lajeng mepaesi kanthi sifat-sifat awon sanesipun. Tiyang ingkang
srakah ugi tansah nganggep bilih menapa ingkang dipun tindakaken menika sarwa leres,
sinaosa kathah tiyang ingkang nganggep menika sawenehipun tumindak ala lan
nistha.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Srakah kanyata mboten namung dhumateng bandha donya. Wonten manungsa
ingkang srakah dhumateng wanita lan drajat pangkat. Tiyang ingkang srakah dhumateng
wanita, badhe ndadosaken wanita pinangka alat ndamel mareming nafsu syahwat. Tiyang
ingkang srakah dhumateng pangkat badhe mbudi daya dhumateng pangkat kanthi
sedaya cara, mboten peduli cara menika leres menapa nasar.
Menawi kita gayutaken kaliyan kedadosan-kedadosan ing nagari kita, kasus
korupsi, manipulasi, mark up anggaran, suap menyuap manika pokipun saking sifat
srakahipun manungsa. Tiyang-tiyang ingkang kados mekaten menika kesupen bilih
bandha, putra, lan wanita menika saged dados ujian gesang wonten ing donya
menika. Kados pangandikanipun Allah wonten ing Surat Al-Anfal ayat 28;
وَاعْلَمُوا أَنَّمَا أَمْوَالُكُمْ
وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ وَأَنَّ اللَّهَ عِنْدَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ
“Lan padha mangertia, menawa bandhamu, anak-anakmu iku mung pinangka
ujian. Saktemene mung ana ing ngarsane Allah ganjaran kang luwih gedhe”
Semantena, Allah mboten ngendelaken umatipun nggadhahi
sifat-sifat srakah. Allah paring piwucal lan ndidik umatipun supados nggadhahi
sifat-sifat ingkang mulya. Cara pamucalipun Allah supados manungsa saged ngendhaleni
nafsunipun inggih menika kanthi ndadosaken wulan ramadhan pinangka wulan kangge
nindakaken ngibadah siyam wajib. Kanthi menika salah sawenehipun hikmah ibadah
siyam ing wulan ramadhan inggih menika pinangka cara ndidik ruhani kita supados
tetep saged dados makhluk ingkang paling mulya
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Wonten tigang hikmah siyam ramadhan ingkang saged ndhidhik
manungsa supados dados manungsa ingkang sakleresipun, inggih menika;
Sepisan, siyam ramadhan saged ndhidhik manungsa supados jujur
lan rumaos celak dhumateng Allah. Siyam dados ibadah ingkang rahasia, bab
menika ingkang mbentenaken ibadah siyam kaliyan ibadah sanesipun. Sebab, namung
Allah piyambak ingkang mangertos siyam menapa mbotenipun tiyang menika. Semanten
ugi kanthi manungsa rumaos celak dhumateng Allah, lajeng piyambakipun rumaos
cekap lan mboten badhe nggadhahi sifat srakah dhumateng bandha lan bab kadonyan
sanesipun.
Kaping kalih, kanthi siyam manungsa ngraosaken luwe, ngelak, lan lemes kados dene
ingkang dipun raosaken sedherekipun ingkang kekirangan. Bab menika lajeng
newahaken raos sosial lan tepa selira dhumateng sesami-sami, remen shodaqoh,
infak lan mboten nggadhahi sifat angkuh. Sak mboten-mbotenipun bab menika dipun
buktekaken kanthi kita purun mbayar zakat fitrah ing akhiripun wulan Ramadhan.
Kaping tiga, siyam ramadhan saged ndhidhik manungsa supados
tansah nyucekaken jiwanipun. Sewulan nutug manungsa nindakaken siyam lan ibadah
sanesipun menika saged ndadosaken suci jiwanipun, Allah ugi badhe paring
pangapunten dhumateng dosa-dosanipun tiyang ingkang siyam menika ing
wejdal-wekdal sakderengipun.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Mboten dangu malih Persyarikatan Muhammadiyah badhe
ngadani musyawarah paling inggil inggih menika Muktamar kaping 47 ingkang badhe
dipun leksanakaken tanggal 3 – 7 Agustus 2015 ing kitha Makassar Sulawesi
Selatan. Muktamar badhe ngrembag mapinten-pinten program saha milih Pimpinan
Pusat Muhammadiyah periode 2015 – 2020. Muhammadiyah sampun nggemblengaken
tekad lan nyawiji badhe njejegaken lampah amar makruf nahi munkar kanthi
program-program dakwah Islam, pendidikan, sosial, ekonomi, saha kabudayan.
Sedaya program wau dipun ajab supados masyarakat lan warga bangsa Indonesia pikantuk
hidayah, rahmat, saha barokah Allah. Kita nyuwun dhumateng sedaya jama’ah lan
sedaya ummat Islam panyengkuyungipun wujud pandonga lan menapa kemawon supados
lampahipun Muktamar Muhammadiyah kaping 47 ing kitha Makassar tansah pinaringan
ridha Allah, lumampah kanthi lancar lir ing sambekala lan saged ngasilaken
program ingkang sae saha kasil milih Pimpinan Pusat Muhammadiyah periode 2015 –
2020.
Wonten ing tahun menika ugi, rakyat Bantul nggadhahi
ayahan ageng inggih menika milih pimpinan. Sedaya warga supados saged nderek
hanyengkuyung pakaryan menika kanthi ngginaaken hak pilih ingkang sak
sae-saenipun. Ing pangajab rakyat Bantul samangke saged milih pimpinan ingkang saged
mbekta kemajengan Kabupaten bantul wonten ing wekdal ingkang badhe dateng.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kangge mungkasi khutbah enjing menika, mangga kita
ngaturaken pandonga wonten ngarsa dalem Allah, mugi-mugi Allah tansah paring
ridha lan nampi sedaya amal ibadah kita ing wulan ramadhan, lan paring
pangapunten sedaya dosa lan kesalahan kita, lan taksih kepareng manggihaken
kita sedaya wulan ramadhan tahun ingkang badhe dateng.
الْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ
وَأَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ، يَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ.
اللّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ
أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ. أَللَّهُمَّ إِنَّا
نَسْأَلُكَ الْجَنَّةَ وَنَعُوْذُ بِكَ مِنَ النَّارِ. أَللَّهُمَّ إِنَّا
نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. رَبِّ أَوْزِعْنِيْ أَنْ
أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِي أَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلَى وَالِدَيَّ وَأَنْ
أَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضَاهُ وَأَدْخِلْنِيْ بِرَحْمَتِكَ فِي عِبَادِكَ
الصَّالِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً وَهَيِّءْ لَنَا مِنْ
أَمْرِنَا رَشَدًا. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآَخِرَةِ
حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا
يَصِفُوْنَ وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ، وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ
الْعَلَمِيْنَ.
KHUTBAH IDUL FITRI 1436 H

PIMPINAN CABANG MUHAMMADIYAH
SRANDAKAN
1436 H / 2015 M
Tidak ada komentar:
Posting Komentar