Muhammadiyah (Dandanggula)
Wus antara tekeng manca nagri
Muhammadyah kinarya tuladha
Islam yekti agamane
Tansah dipun gegulung
Sarana manembah mring Gusti
Allah kang Maha Kwasa
Agung sakalangkung
Umat sami becik rata
Tan wenten kang cicir gesang nguni
Donya lan akheratnya
Wus tumekeng tlatah manca nagri
Muhammadyah pakempalan kita
Hanjurung mring lampah sae
Nahi munkar amar makruf
Adhedasar qur’an lan hadis
Manut kukum negara
Umat kang jinangkung
Tebih saking lampah nistha
samubarang tindak kanthi ngati-ati
Dadya ngibadah kita
Wus makarya satus papat warsi
Muhammadiyah tlatah Nuswantara
(A)Mar makruf nahi munkare
Datan wegah ing ewuh
Mrih raharja gesang puniki
Dhasar qur’an lan sunnah
Gya nenetepi dhawuh
Allah lawan Rasulullah
Kanthi sabar kawaskitan trus akhanti
Bagya ingkang pinanggya
Dadya sira manungsa kang bekti
Mring Ilahi dzat Maha Kuwasa
Tansah manembah uripe
Becik anggenya srawung
Manut kukum lawan agami
Sabarang pangandikan
Dadya ing pitutur
Kebak budi myang sasama
Lahir batin nyuwun ridhaning ilahi
Gesang manggih raharja
Ki
Dasa Purwaatmaja
(Eka wuryanta)
SINOM
Bebadan Muhammadiyah
Ngudi ridhaning Ilahi
Amar Makruf Nahi Munkar
Ngibadah akanthi ngelmi
Ngrembaka sagung nagri
Ing jabaning rangkah tamtu
Nuladha Rasulullah
Tumanjem mungging pribadi
Raharjo gesang donya lan akheratnya
Pangkur
Wus ginaris Kang Kuwasa
Manungsa datan bisa nyelaki pati
Tamtu kadya janjinipun
Duk aneng guwa garba
Datan mingkuh sanajan katingal ewuh
Sadaya tansah samekta
Yen wus tekeng titi wanci
Kanjeng Rasul wus ngandika
Sapa wong kang percaya marang Ilahi
Lan dina akhir neku
Mangka wajib mring sira
Kurmat marang sadulur ingkang mertamu
Padhang sumeh ulatira
Pangucap becik sayekti
Kinanti
Bekti maring rama ibu
Iku wajibipun siwi
Lamun sakarone sepuh
Den tambah anggonmu bekti
Ajwa pisan sira ngucap
Jalari gerah penggalih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar